Nguri-uri Tradhisi Budaya Jawa
Ringkesan
Grebeg Besar iku
acara tradhisi ing kutha Demak kang dianakake saben wulan Dzulhijah. Acara iki
digelar kanggo mapag bakda Besar utawa wulan haji. Acara kang 6 kanggo
ngramekake sasi Besar iki, pol-polane tumiba ing tanggal 10 Dzulhijjah. Bab
mengkono iku pancen wis dadi ciri wanci mungguhe kutha Demak lan tetep arep
dilestarekake kanggo nguri-uri budaya tinggalane para luhur. Tradhisi Grebeg
Besar iki tinggalane Sultan Fattah lan Sunan Kalijaga. Wali loro iku pancen wis
cinathet ing sejarah minangka wali kang nyebarake agama Islam kanthi nggunakake
adat lan tradhisi kang wis ana ing tlatah Demak.
1. Maca lan nanggapi teks
eksposisi ngenani
budaya Jawa
Teks
eksposisi iku teks kang isine panemu utawa usul ngenani samubarang. Jaman
saiki, teks eksposisi uga diarani teks argumentasi sesisih. Diarani mengkono jalaran
pangrakite teks eksposisi didhasari karep ngukuhi panemu utawa usule kanthi
pawadane/alesane pangrakit dhewe tanpa mbandhingake pawadane wong liya.
2. Nemokake tuntunan ing sajrone
teks
eksposisi budaya Jawa lan nyocogake
karo kahanan jaman saiki
eksposisi budaya Jawa lan nyocogake
karo kahanan jaman saiki
Adat Tradhisi Jawa
Sajrone
urip bebrayan wong iku ora bisa uwal saka bot-repote panguripan. Bot-repot
uripe saperangan gedhe wong Jawa isih gepok senggol karo adat tradhisi. Adat
tradhisi Jawa iku akeh wernane. Werna-wernane tradhisi mau kayata: nglairake (bayen),
tedhak siten, supitan, mantu, ngundhuh mantu, tingkeban, bedhah bumi, lan
liya-liyane. Saben kedadeyan mau mesthi dianakake acara adat sing diarani
slametan utawa kendhuri. Jumbuh karo jenenge, acara adat mau duwe pangajab
supaya apa-apa mau pinaringan slamet saka ngarsane Allah, SWT.
Saperangan teks eksposisi ing dhuwur nerangake yen wong Jawa iku isih akeh kang ngugemi tradhisi. Kang prelu ditandhesake tradhisi iku dudu agama lan ora bakal nggantekake agama. Tradhisi duwe panggon dhewe, semono uga duwe 'panggonan' dhewe uga. Mula ora prelu digawe prekara upama ana bedane panemu. Akeh piwulang kang maune durung kongreteni saiki dadi ngreti. Supaya tetep lestari lan ngrembaka, adat Jawa saiki akeh sing dijumbuhake karo jaman saiki.
3. Mbedhah perangane teks
eksposisi
Ing ngarep wis diteeangake menawa teks eksposisi iku
digunakake kanggo urun panemu/gagasan kanthi dhasar pawadan/argumentasine pangarang dhewe. Titikane teks eksposisi yaiku tatanane (strukture) ana gagasan
kang diusulake lan ana pawadan/argumentasine. Tuladhane kaya ngisor iki.
Gagasan / Panemu
|
Sajrone urip bebrayan wong iku ora bisa uwal saka bot-repote
panguripan. Bot-repot uripe saperangan gedhe wong Jawa isih gepok senggol
karo adat tradhisi.
|
Argumentasi
|
Adat tradhisi Jawa iku akeh wernane. Werna-wernane tradhisi msu
kayata: nglairake (bayen), tedhak siten, supitan, mantu, ngundhuh mantu,
tingkeban, bedhah bumi, lan liya-liyane.
|
4. Nulis teks eksposisi babagan budaya
Jawa nganggo pranatan lan basa kang cocog karo kahanan
Menawa
para siswa arep nulis teks eksposisi kudu manut pranatan utawa aturan kang wis
ana pawadan/argumentasine. Bab apa wae l kang arep gumathok, yaiku ana gagasan
kang diusulake lan ana didheskripsekake carane padha, yaiku nganggo rumus kaya
ngene iki.
Gagasan / Panemu
|
A iku B
|
Argumentasi
|
C = C1=C2=C3=C…
C = Werna-wernane adat Jawa
C1 = Nglairake; C2=Tedhak siten; C3 = Supitan; C4 = Supitan
|
Sumber : Gegaran Nyinau Bahasa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA
Mantap.. Sangat membantu
BalasHapusMantap bro lanjutan
BalasHapusSuwun infonya bermanfaat
BalasHapusSangat bermanfaat 🙏
BalasHapusNicee
BalasHapusSae sangat
BalasHapusSae sangat
BalasHapussangat bermanfaat
BalasHapusSae kak👍
BalasHapusKomentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapusBagusss
BalasHapus