Postingan

Menampilkan postingan dari Januari, 2020

Katresnan Kang Sejati

Ringkesan A. Crita rakyat    Crita Rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun-tenmurun utawa kang wis dadi tradhisi ing masyarakat. Crita rakyat kasebut kacritakake ing maneka werna kahanan, ana ing sajroning kumpulan, utawa pinangka crita pamancing impen, lan sapiturute. Tumraping bocah-bocah, crita rakyat uga bisa migunani pinangka pendhidhikan budi pekerti, amarga budi pekerti luhur tumrap bocah-bocah. Crita rakyat duwe unsur-unsur pambangun, kayata tema, tokoh utawa penokohan, latar (setting), alur (plot), sudhut pandhang, lan amanat. Tema yaiku pokok permasalahan ing sajroning crita. Saben crita rakyat duwe tema kang gumathok supaya gampang diwaca. Latar (setting) yaiku papan panggonan, wektu, lan suwasana kadadeyan ing sajroning crita. Penokohan yaiku paraga kang nduweni watak ing sajroning crita. Alur yaiku urut-urutane prastawa ing crita. Sudhut pandhang yaiku cara pandhang panganggit tumrap crita kang dianggit awujud wong kapisan, wong kapindho, utawa wong...

Alam Sawegung

Ringkesan    Geguritan iku puisi Jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa) tinamtu, uga ana kang biasa-biasa wae. A. Maca lan nanggapi isine teks geguritan sarta niteni perangan-perangane  Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor iki. a. Maca kanthi premati, yen prelu dibolan-baleni. b. Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjur menehi tandha ngaso (/) utawa sigeg (//). c. Golekana tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa lambang. d. Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite. e. Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe.    Menawa cara-cara kasebut wis kolakoni, mesthi bisa kotemokake isine geguritan. Kanthi me...

Njaga Tentreming Urip Bebrayan

Ringkesan    Tembung novel asale saka basa Italia novella kang tegese sawijine crita utawa pawarta sapala/sacuwil. Dadi, novel iku sawijine crita rekan ( fiksi ) kang rada landhung. Menawa dibandhingake karo crita cekak, novel iki luwih dawa lan luwih genep isine. A. Maca lan nanggapi isine teks crita cekak lan niteni perangan-perangane Kaya crita rekan liyane, crita ing novel iku sumbere bisa saka kanyatan trus dibumboni, bisa uga murni saka kayalan utawa rekane pangripta/pengarange wae. Sanajan mangkono, perangan-perangan kang mbangun wutuhe novel biasane padha. Perangan-perangan kang mbangun wutuhe crita iku diarani unsur intrinsik, kang nyakup underane prekara ( tema ), paraga ( tokoh ) lan watake paraga ( penokohan ), lakune crita ( alur/plot ), kepiye pangripta anggone nyritakake ( point of view ), kapan lan papan kedadeane crita kasebut ( setting ), lan wulangan utawa tuntunan kang ditujokake marang pamaca ( amanat ). Jlentrehe, tema iku underane prekara kang ...

Budaya Wewaler

Ringkesan    Wewaler padha karo gugon tuhon. Gugon tuhon saka tembung gugu huuu(pracaya marang kandhaning lvan) lan tuhu (nyata, temen). Gugon tuhon yaiku ngandel marang prakara sing dianggep duwe kadayan ngungkuli kodrat, mangka sanyatane ora. Gugon tuhon ing madyaning masarakat Jawa diarani pepali utawa larangan. Gugon tuhon kalebu kaprecayan tansah duwe rasa sumelang menawa ora bisa nyembadani prekara sing dianggep mbebayani iku. Gugon tuhon 1. Gugon tuhon salugu yaiku bocah utawa wong sing dadi mangsane Bathara Kala miturut dongeng yaiku bocah sukerta. Miturut kaprecayan, kanggo ngusadhani supaya ora dimangsa Bathara Kala, kudu ditanggapake wayang kanthi lakon Amurwakala. Sing kalebu bocah sukreta yaiku: 2. Gugon tuhon wasita sinandi yaiku kalebu pitutur sing ora kalairake kanthi melok. Akeh nggunakake tembung boten ilok utawa ora ilok sing sejatine ngemu teges ora becik. 3. Gugon tuhon kalebu wewaler yaiku wewaler saka leluhur utawa wong sing dadi cikal bakal ...

Nguri-uri Tradhisi Budaya Jawa

Ringkesan Grebeg Besar iku acara tradhisi ing kutha Demak kang dianakake saben wulan Dzulhijah. Acara iki digelar kanggo mapag bakda Besar utawa wulan haji. Acara kang 6 kanggo ngramekake sasi Besar iki, pol-polane tumiba ing tanggal 10 Dzulhijjah. Bab mengkono iku pancen wis dadi ciri wanci mungguhe kutha Demak lan tetep arep dilestarekake kanggo nguri-uri budaya tinggalane para luhur. Tradhisi Grebeg Besar iki tinggalane Sultan Fattah lan Sunan Kalijaga. Wali loro iku pancen wis cinathet ing sejarah minangka wali kang nyebarake agama Islam kanthi nggunakake adat lan tradhisi kang wis ana ing tlatah Demak.      1.       Maca lan nanggapi teks eksposisi ngenani                    budaya Jawa Teks eksposisi iku teks kang isine panemu utawa usul ngenani samubarang. Jaman saiki, teks   eksposisi uga diarani teks argumentasi sesisih. Diarani mengkono jalaran pangrakite teks eksposisi...