Nguri-uri Tradhisi Budaya Jawa

Ringkesan


Grebeg Besar iku acara tradhisi ing kutha Demak kang dianakake saben wulan Dzulhijah. Acara iki digelar kanggo mapag bakda Besar utawa wulan haji. Acara kang 6 kanggo ngramekake sasi Besar iki, pol-polane tumiba ing tanggal 10 Dzulhijjah. Bab mengkono iku pancen wis dadi ciri wanci mungguhe kutha Demak lan tetep arep dilestarekake kanggo nguri-uri budaya tinggalane para luhur. Tradhisi Grebeg Besar iki tinggalane Sultan Fattah lan Sunan Kalijaga. Wali loro iku pancen wis cinathet ing sejarah minangka wali kang nyebarake agama Islam kanthi nggunakake adat lan tradhisi kang wis ana ing tlatah Demak.

     1.     Maca lan nanggapi teks eksposisi ngenani 
                 budaya Jawa

Teks eksposisi iku teks kang isine panemu utawa usul ngenani samubarang. Jaman saiki, teks   eksposisi uga diarani teks argumentasi sesisih. Diarani mengkono jalaran pangrakite teks eksposisi   didhasari karep ngukuhi panemu utawa usule kanthi pawadane/alesane pangrakit dhewe tanpa   mbandhingake pawadane wong liya.

2.       Nemokake tuntunan ing sajrone teks     
         eksposisi budaya Jawa lan nyocogake 
         karo kahanan jaman saiki


Adat Tradhisi Jawa
Sajrone urip bebrayan wong iku ora bisa uwal saka bot-repote panguripan. Bot-repot uripe   saperangan gedhe wong Jawa isih gepok senggol karo adat tradhisi. Adat tradhisi Jawa iku akeh   wernane. Werna-wernane tradhisi mau kayata: nglairake (bayen), tedhak siten, supitan, mantu,   ngundhuh mantu, tingkeban, bedhah bumi, lan liya-liyane. Saben kedadeyan mau mesthi dianakake   acara adat sing diarani slametan utawa kendhuri. Jumbuh karo jenenge, acara adat mau duwe   pangajab supaya apa-apa mau pinaringan slamet saka ngarsane Allah, SWT.

Saperangan teks eksposisi ing dhuwur nerangake yen wong Jawa iku isih akeh kang ngugemi   tradhisi. Kang prelu ditandhesake tradhisi iku dudu agama lan ora bakal nggantekake agama.   Tradhisi duwe panggon dhewe, semono uga duwe 'panggonan' dhewe uga. Mula ora prelu digawe   prekara upama ana bedane panemu. Akeh piwulang kang maune durung kongreteni saiki dadi   ngreti.  Supaya tetep lestari lan ngrembaka, adat Jawa saiki akeh sing dijumbuhake karo jaman saiki.

3.       Mbedhah perangane teks eksposisi 

Ing ngarep wis diteeangake menawa teks eksposisi iku digunakake kanggo urun panemu/gagasan kanthi dhasar pawadan/argumentasine pangarang dhewe. Titikane teks eksposisi yaiku tatanane (strukture) ana gagasan kang diusulake lan ana pawadan/argumentasine. Tuladhane kaya ngisor iki.


Gagasan / Panemu

Sajrone urip bebrayan wong iku ora bisa uwal saka bot-repote panguripan. Bot-repot uripe saperangan gedhe wong Jawa isih gepok senggol karo adat tradhisi.



Argumentasi

Adat tradhisi Jawa iku akeh wernane. Werna-wernane tradhisi msu kayata: nglairake (bayen), tedhak siten, supitan, mantu, ngundhuh mantu, tingkeban, bedhah bumi, lan liya-liyane.



4.       Nulis teks eksposisi babagan budaya Jawa                      nganggo pranatan lan basa kang cocog                            karo kahanan

Menawa para siswa arep nulis teks eksposisi kudu manut pranatan utawa aturan kang wis ana pawadan/argumentasine. Bab apa wae l kang arep gumathok, yaiku ana gagasan kang diusulake lan ana didheskripsekake carane padha, yaiku nganggo rumus kaya ngene iki.


Gagasan / Panemu


A iku B


Argumentasi




C   = C1=C2=C3=C…
C   = Werna-wernane adat Jawa
C1 = Nglairake; C2=Tedhak siten; C3 = Supitan; C4 = Supitan


Sumber : Gegaran Nyinau Bahasa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA

Komentar

Posting Komentar